Minggu, 14 April 2019

Ngujiwat ꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀

Ngujiwat ꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀



Bowo:


Dhuh nimas mustikaning wang
ꦣꦸꦃꦤꦆꦩꦱ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦤꦶꦁꦮꦁ

Kang ngujiwat
ꦏꦁꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀

Maweh reseping ati
ꦩꦮꦺꦃꦉꦱꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦲꦠꦶ

Tetulunga raganingsun
ꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦫꦒꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀

Kang kataman asmara
ꦏꦁꦏꦠꦩꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦫ

Esem-ira nyirnakke lungkrah lan lesu
ꦲꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶꦫꦚꦶꦂꦤꦏ꧀ꦏꦺꦭꦸꦁꦏꦿꦃꦭꦤ꧀ꦭꦼꦱꦸ

Nyirnakke rasa kang samar
ꦚꦶꦂꦤꦏ꧀ꦏꦺꦫꦱꦏꦁꦱꦩꦂ

Tresnaku sundhul wiyati
ꦠꦿꦼꦤꦏꦸꦱꦸꦤ꧀ꦣꦸꦭ꧀ꦮꦶꦪꦠꦶ




Langgam:


Lam-lami ngujiwate
ꦭꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦩꦺꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀ꦠꦺ

Yen anggeget lathi anjinjit alise
ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦒꦼꦠ꧀ꦭꦛꦶꦲꦤ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦗꦶꦠ꧀ꦲꦭꦶꦱ꧀ꦱꦺ

Sak solah bawane
ꦱꦏ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦤꦺ

Lencir kuning nengsem-ake
ꦭꦼꦤ꧀ꦕꦶꦂꦏꦸꦤꦶꦁꦤꦼꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦏꦺ


Sinawang yen ngujiwat
ꦱꦶꦤꦮꦁꦪꦺꦤ꧀ꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀

Pamikir tan kuwat kaya arep nekat
ꦥꦩꦶꦏꦶꦂꦠꦤ꧀ꦏꦸꦮꦠ꧀ꦏꦪꦲꦉꦥ꧀ꦤꦺꦏꦠ꧀

Suwe-suwe tamat
ꦱꦸꦮꦺꦱꦸꦮꦺꦠꦩꦠ꧀

Prasasat anggayuh jimat
ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦲꦁꦒꦪꦸꦃꦗꦶꦩꦠ꧀


Ing tengah wengi,
ꦲꦶꦁꦠꦼꦔꦃꦮꦼꦔꦶ

Prasapaku kaya wus sumanding
ꦥꦿꦱꦥꦏꦸꦏꦪꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦩꦤ꧀ꦢꦶꦁ

Hadhuh wong kuning,
ꦲꦣꦸꦃꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦤꦶꦁ

Liring netra kang wening
ꦭꦶꦫꦶꦁꦤꦺꦠꦿꦏꦁꦮꦼꦤꦶꦁ

Hamung tansah tak lalekne,
ꦲꦩꦸꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦏ꧀ꦭꦭꦺꦏ꧀ꦤꦺ


Nanging trus eling
ꦤꦔꦶꦁꦠꦿꦸꦱ꧀ꦲꦺꦭꦶꦁ


Wekasan pepuntonku,
ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦥꦼꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸ

Umpamane sekar aja nganti layu
ꦲꦸꦩ꧀ꦥꦩꦤꦺꦱꦼꦏꦂꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦪꦸ

Kanggo cecundhukku,
ꦏꦁꦒꦺꦴꦕꦼꦕꦸꦤ꧀ꦣꦸꦏ꧀ꦏꦸ

Adhuh nimas mustikaku.
ꦲꦣꦸꦃꦤꦶꦩꦱ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦏꦸ


https://youtu.be/M9VKWT2tbVc




ngujiwat = ꦔꦸꦗꦶꦮꦠ꧀ = menarik hati, menawan hati, memikat hati

lêncir = ꦭꦼꦤ꧀ꦕꦶꦂ = tinggi semampai








Tidak ada komentar:

Posting Komentar