Selasa, 09 April 2019

Jemparing Asmara (Panah Asmara)

Jemparing Asmara (Panah Asmara)

Pungun-pungun sakedheping netra
Nyawang endahing wanita sulistya
Ingkang lungguh ijen aneng pinggiring samudra
Bebarengan sang surya wus gumlewang ing cakrawala

Soroting surya mimbuhi kasulistyaning rupa
Sumiliring angin mimbuhi rasa sengsem
Rikma lukar angembang bakung
Tumoleh miwah ambalang liring

Geter rasaning tyas brol ponang riwe
Sun wales ngincangake alis
Weninging tirta tlaga kaya dene segara madu
Dangu-dinangu sun caketi
Jebul pinandeng datan mboseni

Saya ora kuwagang anggonku ngampet tresna
Jemparing asmara kaya wus tumancep jajaku
Lon-lonan sun angendika
Wong ayu, sun kepingin karonsih lan awakmu.




Tresna, punika obahing raos saking ati kang anggadhahi sipat welas - asih. Ingkang dipun ketingalaken kanthi tumindak kang sae-sae.  upaminipun raos gemati, nggatekake, mikir repote liyan, remen tetulung, lan sakpiturutipun. Ingkang ndadosaken raos bungah tumrap tiyang sanes.









Tidak ada komentar:

Posting Komentar